Dening : Dimas Qiman
Sawijining sore aku nembe teturon ana lincak sangisore wit talok kang edum. Semilir angin nggawa aku neng alam pangimpen. Rasane ayem, nadyan urip mung prasaja sing penting ora kekurangan. Nganti ngancik umur patangpuluhan aku durung omah-omah. Ora amarga ora ana sing gelem, nanging amarga tatuning ati kang durung mari. Nate membung sawijining wanodya nanging ditampik alus dening wong tuwane. Alesane prasaja aku diwawas kurang imbang karo anake wadon. Mula aku trima mundur tinimbang lara ati.
Lagi enak-enak teturon, Aku kaget nalika pipiku ditempeli lambe anget sawijining wanodya. Aku gage mbukak mripatku, katon Minten wanodya kang nate nggorehke atiku. Mung anehe sandhangane amburadul ora karuan. Awake katon lethek, kaya ora nate mambu banyu. Sandhangane ana sing suwek, thing srantil kaya wong ora genep. Kathik nggawa glathi mingis-mingis barang.
"Kowe Minten ta ?" pitakonku setengah ora percaya.
"Bener Mas, pangling po karo aku ?" wangsulaku Minten.
"Ora, kok nyandhangmu kaya ngono ta Ndhuk ?" pitakonku.
"Ya...kaya ngene Iki Mas, bot-bote nandhang wirang.."Minten ora neruske omongan.
"Wirang piye to Ndhuk ?" aku penasaran.
"Critane dawa Mas, mengko tak critani. Aku ngelih sedina durung klebon upa Mas." sambate Minten.
"Wooo...Nek mung Kuwi gampang Ndhuk. Ayo ndhang adus gek salin. Kae ana sandhangane mbakyuku kena kok nggo salin. Mengko gek maem Ndhuk" aku aweh pamrayoga.
"Hooh Mas, Jane aku selak risi nganggo sandhangan kaya mengkene " Wangsulane Minten.
Aku banjur ngajak mlebu Minten, aku njupuk andhuk tak wenehke Minten. Dheweke banjur mlebu kolah, banjur adus gebyar-gebyur seger banget.
"Mas, endi saline ?" pitakone Minten saka njero kolah.
"Nyoh Ndhuk " aku ngulungke sandhangane mbakyuku marang Minten.
Ora antara suwe Minten wis rampung anggone adus lan salin. Rambut sing maune gembel wis katon ireng menges-menges. Semono uga kulite sing maune mblekethek saiki katon putih resik sumunar. Minten wis kathon ayu moblong-moblong. Kaya Minten kang tak kenal rong tahun kepungkur. Banjur ana kedadeyan apa sajerone rong taun iki.
"Ngapa Mas, kok ndomblong ?" pitakone Minten mbuyarke lamunanku.
"He...hee...Nek ngene kiyi ki ayu tenan. Kaya Dewi Supraba saka kayangan. Lha kok mau trima nyandhang kaya ngono to Ndhuk " pangalemku marang Minten.
"Wuih Njenengan lekas nggombal ta, rasakna iki " muni ngono Minten njiwit lengenku nganti panis.
"Waduh...ampun Diajeng ! sakit " sambatku nggodha Minten.
"Jeneh..kok nganyelke...ben kapok " wangsulane Minten.
"Wis gek maem Ndhuk, jare mau selak ngelih. Ning saanae ya Ndhuk " aku nggodha maneh.
"Hee...hee...saanane kok ayam bakar, lele goreng, sayur asem, gule kambing komplit. Kuwi ora saanane ning apa-apa ana Mas" wangsulane Minten ora kalah pinter.
Minten anggone mangan ndemenake nganti tanduk ping telu. Sajake keluwen temenan, mula saiki bareng ana panganan komplit banjur maruki. Sajake krasa tak batin, mula banjur nglirik aku karo takon.
"Ngapa Mas, durung tau weruh wong mangan po ?" pitakone Minten.
"Hee...hee...ora Ndhuk, gek diteruske" aku mung ngalah, apal watake Minten sing cugetan.
Sawise rampung anggone mangan lan rumangsa wareg. Minten banjur nggletak ana kursi tamu.Ora nganti seprapat jam, wis senggar-senggor ngorok. Aku mung gedhek-gedhek nyawang kahanan mau. Piye maneh watake Minten wis kaya ngono, anggonku tepung wis luwih saka limang taun. Mungguh wong tuwane oleh, wiwit rong taun kepungkur wis dadi nyonya Dimas.
Bareng keprungu adzan Maghrib, tak sawang Minten wiwit ngolet banjur tangi. Mripate ngulatke aku sing teturon neng lincak ngarepan. Minten marani aku, awakku dihoyak-hoyak kon tangi.
"Tangi Mas, wis Magrib"
"Ya..." aku nglegani sing nggugah.
Minten ngajak sholat jamaah, rasane ayem tenan. Bubar sholat banjur dzikir, diteruske maca Al Qur'an. Suarane Minten apik temenan, ora nggumun nate dadi Qoriah tingkat kabupaten. Aku jane seneng umpama isa mengku Minten minangka bojoku. Sisan sholat Isya', amarga durung batal.
Bubar sholat Isya' aku ngajak lungguhan ana ngarepan ngisis, ana tangga siji loro kang liwat pada aruh-aruh. Bareng ngerti sing tak jagongan Minten pacanganku mbiyen, terus do bablas.
"Jare are crita Ndhuk ? " aku mbukaki rembug.
"Hooh Mas, meh rong taun aku ngempet rasa iki " wangsulane Minten.
"Coba critaa Ndhuk, mbokmenawa aku Isa melu ngudhari ruwete pikiranmu !" aku aweh pamrayoga.
Minten banjur miwiti crita, saka wong tuwane nolak panglamarku. Jane deweke are protes nanging minangka anak kang kudu bekti marang wong tuwane anane mung kudu manut. Sakjane angel nglaleke awakku, nanging tetep nyoba dilaleke. Nganti sawijining waktu ibune ngenalake nom-noman Bagus kang Aran Rudi. Bocahe nggantheng, pakulitane resik. Dandhane kaya lumrahe cowok modern.
Deweke nyoba nampa Rudi minangka gantiku. Wong tuwaku wis mantep, amarga Rudi wis cekel gawe ana kantor BUMN. Bayare lumayan gedhe, wong tuwane sugih mblegedhu. Maklum juragan krecek, sawahe hektaran, kebone uga jembar, sapi kebo pating brangkang. Nanging sing gawe ora sreg Minten, lagi ngajak dolan pindho. Karepe ngajak ngamar barang, tujune Minten isih eling. Banjur njaluk dirabeni menawa kepingin nindhake saresmi.
Gandheng wong turah bandha, panjaluke Minten disaguhi. Rembug tuwa wis gumathok, undangan wis sumebar. Dina kang ditentokake uga wis gumathok. Nganti tekan dina Minten kalawan Rudi bakal dadi bojone mung kari nunggu wektu wae. Ning anehe wiwit rong ndina saka dina kang ditentokake Rudi ora isa dihubungi. Telpon ora diangkat, SMS ora dibales, apa maneh WA mung centang siji. Atine Minten was sumelang, kayane ana sing ora beres.
Wong tuwane Minten tanggap mula banjur utusan kanoman, supaya niti priksa marang omahe Rudi. Ora gantalan wektu utusan mau bali. Banjur aweh palapuran, menawa omahe Rudi tinemu suwung. Bareng ana piyayi teka ana omah kono. Piyayi mau asmane Pak Wicaksono, menehi katrangan bener omah mau ndhisike duweke Rudi. Nanging wiwit dina iku sakteruse omah Kuwi dadi hak milike Pak Wicaksono. Nalika ditakoni Rudi menyang ngendi, deweke ora mengerti.
Utusan mau banjur bali, aweh palapuran marang wong tuwane Minten. Wong tuwane isane mung gedhek-gedhek. Dene Minten isane mung nangis mrebes Mili. Kamangka tamu undangan kebacut teka. Minten rumangsa wirang lan isin. Mula banjur ethok-ethok edan. Anggone edan turut ratan, nggawa glathi. Angger ana piyayi bagus dioyak arep dipatenkan nganggo glathi mau.
Saking judege wong tuwane Minten prasapa, sapa wonge sing Isa nambani Minten menawa Lanang bakal didadeke bojone. Menawa sing isa nambani putri arep didadeke sedulur sinarawedi. Isih ditambahi sawah rong kotak. Akeh sing wis nyoba, nanging ora kasil.
Minten kelingan aku, mula banjur mubeng-mubeng nggoleki omahku. Bareng ngerti Minten banjur golek wektu kang pas. Mula nalika weruh aku teturon neng teras gage diprepegi lan diambungi. Minangka panebuse dosa.
" Ngono Mas critane, melas to Mas?" pitakone Minten.
"Walah nganti mengkono Ndhuk ? Terus karepmu piye Nduk" pitakonku.
"Sesuk esuk Njenengan ngeterke aku mulih, sisan nembung aku dadi bojomu Mas" wangsulane Minten.
"Nek ora oleh maneh ?" aku ora yakin.
"Walah gampang, mengko dipikir keri " wangsulane Minten ngrampungi rembug.
"Bobok yuk Ndhuk, wis wengi !" pangajakku.
"Ayo Mas, aku ya wis ngantuk. Keloni lho..he..hee.." panjaluke Minten.
Aku banjur turu bebarengan karo Minten, mungguh senenge umpama isa duwe bojo Minten. Pokoke arep tak tekadi sing ora penting "Pikir Keri".
Comments
Post a Comment